Ing wengi kang kapiji...
Ing jero kamarmu kang sepi...
Yen ana angin wengi anggandha wangi...
Ya kuwi sejatine gandhaku...
Ing jero kamarmu kang sepi...
Yen ana kang kumlebat...
Ya kuwi setemene Aku...
Kang sasuwene iki kedhungsangan...
Nglari wangining tresnamu...
Turut gunung-gunung lan samodraning asepi...
Yen gunung-gunung podo jugrug...
Yen samudra kuwi rob...
Gage-gage jupuken tresnaku...
Sami nggelak perahu nyang tepining asepi...
Yen ana swara tembang sasepining prahara...
Yo kuwi tembang tangisku...
Tembang pangruwating dhugitaku...
Yen Aku lagi nembang...
Wacanen guritaning atiku...
Dimen ngerti kekudhanganing atiku...
GTW-11-03-2001
Ing jero kamarmu kang sepi...
Yen ana angin wengi anggandha wangi...
Ya kuwi sejatine gandhaku...
Ing jero kamarmu kang sepi...
Yen ana kang kumlebat...
Ya kuwi setemene Aku...
Kang sasuwene iki kedhungsangan...
Nglari wangining tresnamu...
Turut gunung-gunung lan samodraning asepi...
Yen gunung-gunung podo jugrug...
Yen samudra kuwi rob...
Gage-gage jupuken tresnaku...
Sami nggelak perahu nyang tepining asepi...
Yen ana swara tembang sasepining prahara...
Yo kuwi tembang tangisku...
Tembang pangruwating dhugitaku...
Yen Aku lagi nembang...
Wacanen guritaning atiku...
Dimen ngerti kekudhanganing atiku...
GTW-11-03-2001
artinya ?
ReplyDelete